Nalika semana, dheweke omong marang aku, gelem ora kawin lan urip bareng
Aku ora bisa nyauri sanalika. Sauntara, aku mikir ala becike bebrayan bareng wong manca lan kabeh apa sing didhuweni.
Saking gedhene rasa eman lan tresnane, aku ora kuwat.
Ning nong ning gung pak bayan sega jagung ora doyan ...
Saiki aku ngerti, jaman pacaran ora kaya wis kawin.
Pacaran, kabeh - kabeh sarwa manis.
Isih kelingan ketemu pisan langsung ditawari maem ning restoran bareng kancane.
Isih kelingan dheweke meksa aku ngobrol 'sharing' limang menit, dadi sakjam ...
Kawin, kabeh - kabeh tambah - tambah manis,
Isih kelingan nalika nandur katresnan saben dinane,
Isih kelingan nalika rumangsa salah lan ngakoni ora mbaleni maneh,
Isih kelingan nalika nesu lan nangis nanging banjur tambah mesra
Kala - kala ya geli dhewe pas dikeriki apa dipijeti karo bule sisihan atiku ... apa tumon? Liya dina yen masuk angin ya tak keriki, masiya dokter kene murah mung satus ewu dinggo priksa telung sasi ...
Aku bungah,
ala becikku ditimbang
ala becike tak pikir
dadine ora mung nonton praupan, kantong, ati lan pikiranne thok jebule...
Ora biasa yen wong lanang masakke wadonne,
ning bojoku nglakoni merga tresnane marang aku ...
Jaman aku isih cilik, ibukku sing mijeti bapakku
Saiki aku wis gedhe lan dhuwe anak cilik,
Aku sing dipijeti bojoku ...
Isih kelingan banget biyen asring digawekke masker saka buah - buahan
utawa sampo saka lidah buaya.
Mesti wae dadi enteng,
yen resik - resik omah bebarengan ...
mlaku - mlaku bebarengan ...
kabeh sarwa harmonis, ayem lan tentrem.
Urip mung sedhela, kudu dipigunakke kanthi waspada lan wicaksana
1 comment:
pancen urip mung sepisan, mergo soko kuwi kudu pintere awake dewe anggone nglakoni lakon sing dikudu dilakonake, ora ono wektu sedetik wae sing ora ono maknane, mulo soko kuwi, mung roso syukur sing kudu tansah dieling-eling, ojo ngati opo-opo sing wis digariske njur dadi ora karuan. dongaku soko kancane Pak bernd, mugo mugo sakbehe iso koyo sing dikarepke.
amien.....
soko : pak Supri - Semarang
Post a Comment